28 0 105KB
ᩊ ᭐ ᩊ ᭙ ᨾ ᭙
O … ᭙ … ᭰ ᨾ ᨾ ᭵ ᭵ ᭙ ᭵ ᩊ ᭧ ᨾ ᭙ ᭙ ᭰ ᭙᭦ ᨾ ᨾ ᭤ ᭜ ᨾ
ᨾ ᭙ ᨾ ᭥ ᨾ ᭜ ᭼ ᭺᭺ ᭰ ᨾ ᦹ ᩊ ᩂ᭐ ᮑ ᭑ ... ᭜ ᨾ ᭙ ᮜ ᭙ … ᩌ …
ᩋ ᨾ᭴ᩆ ᭙ ᨾ ᭰ ᮑ ᭐ ᭙ ᭙ ᨾ … … ᭑ ᭑ ᨾ ᭙ ᭜ ᭙ ᭵᭵ᦲ ᮉ
᭰ ᭙ ᦿ ᩂᨾ ᭙ ᭙ ᨾ ᭙ ᩭ ᭼ ᭙᭦ ᭦ ᩂ ᭙ ᩆ ᭦ ᨾ ᩌ ᨾ ᨾ
᭵ ᭙ ᦹ ᭙ ᭦ ᭸ ᭦ ᨾ ᭦ ᭧ ᦿ ᭙ ᮉ
᭦ ᮟ ᮯ - -
Playuné bís ora bisa bantêr. Sauntårå iku pênumpang síng wiwít budhal wís kêbak munjúng durúng ånå síng mudhún. Têgêsé kalóng. Dadi aku karo Dhík Narkó ya têtêp ngadêg. Untúng íng sadawané laku iki mau ora ånå calón pênumpang síng ngêndhêg. Nêmbé barêng têkan Caruban ånå sawêtårå pênumpang síng mudhún. Klêbu pênumpang íng sandhíngku. Kalodhangan iki gagé dakmanfaataké. Tanpå mrêduli pênumpang wadón síng mau ngadêg íng jèjèrku, bókóng iki gagé dakbrúkaké íng jók. Lêgå rasané. Daklirík Dhík Narkó ya wís éntúk palungguhan. Malah jèjèr karo bocah wadón ayu. Wah, yå gênah sênêng atiné. Déné jèjèrku lunggúh sawijiníng priyayi kakúng busånå nècis. Yúswané barakan karo aku. “Mandhap pundi?” pitakónku abang-abang lambé. “Sålå,” wangsulané cêkak. “Dalêmipún Sålå?” pitakónku ngubêr. “Surabåyå. Dhatêng Sålå sapêrlu tuwi mbakyu. Hla panjênêngan mandhap pundi‟ gênti pitakóné. “Nggíh mandhap Sålå.” “Dalêmipún?” priyå kuwi gênti ngoyak. “Tulúngagúng.” “O.....,” priyå kuwi muni „o‟. Nuli bacuté, “Tindak Sålå dalam rangka....?” pitakón priya kuwi ngambang. Aku ya njúr blåkå. Yèn lungaku mênyang Sålå sakåncå iki sapêrlu nêkani ulêmané panitia pêluncuran lån bêdhåh buku síng dianakaké déníng Lêmbaga Kajian Budaya Surakarta nyambút gawé barêng karo Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta. “Wah, manawi makatên panjênêngan mênikå mêsthi nggíh sastrawan,” komêntaré priyå mau. Aku múng mlèngèh. Móngkóg rasané ati, diarani sastrawan! Sauntårå wêktu njúr amêm. Aku nolèh mênyang prênahé Dhík Narkó. Katón dhèwèké lagi asyík ngóbról karo kåncå jèjèré síng ayu. Déné Dhík Yudhèt karo Dhík Wahyudi malah nglêgêsês turu. “Panjênêngané kålå wau jumênêng wiwít sakíng pundi?” pitakóné priyå jèjèrku mêcah amêm. “Têrminal Nganjúk. Hla nggíh mênikå tå. Nyêgat ngantós dangu mbótên ndang èntên, sarêng èntên kók kêbak. Kêpêkså lajêng ngadêg,” tumanggapku. Banjúr daksambúng, “Ngantós jimpé raósíng suku Priyå kuwi ngguyu. “Panjênêngan priyayi kakúng jumênêng wiwít Nganjúk ngantós Caruban kémawón sambat jimpé. Malah priyantún putri jèjèr panjênêngan kalawau anggènipún jumênêng wiwít sakíng têrminal Jombang,” ujaré sêmu mêlèhaké aku.
Aku tumêngå maspadakaké wóng wadón jèjèrku ngadêg mau. Têkan wêktu iku dhèwèké isíh ngadêg. Níng sajak santai. Polatané tanpå nudúhaké pangrêsulå. Åpå sêjatiné sikilé kråså jimpé åpå ora, aku ora ngêrti. Wís bah-bah kono! Bís têrús mlayu najan ora bantêr. Íng njåbå udané isíh têrús ngrêcih. Sajaké ora énggal têrang. Håwå kråså atis bêbarêngan såyå mrambat wêngi síng sansåyå wêngi. Nèng têrminal Madiún bís mandhêg sêꧤélå, tanpå nguꧤúnaké pênumpang lan ngunggahaké pênumpang. Såkå kono bís bablas ngulón. Wusånå kuthå Madiún wís kêpungkúr. Ngancík Maóspati, Glódók, Gênêng tanpå ånå kêdadéyan åpå åpå. Íng têrminal Ngawi ngudhúnaké pênumpang têlu, kalêbu wóng wadón síng ngadêg íng jèjèrku mau soré, síng jaréné priyayi kakúng sandhíngku, anggóné ngadêg wiwít Jombang. Wóng wadón kasêbút mudhún såkå bís kanthi sigrak. Polatané nuꧤúhaké råså bungah. Sadurungé jumangkah isíh kobêr pamít marang kiwå têngêné, klêbu aku. “Månggå Pak, kula mandhap rumiyín,” ngono ujaré kanthi sumringah. “O, månggå-månggå! Dalêmipún ngriki nggíh?” tumanggapku dak grapyak-grapyakaké. Dak lirík priyayi kakúng sandhíngku mèncêp. Aku ora prêduli. Bís mbacútaké laku. Wênginé sansåyå wêngi, wís mèh jam sångå. Hawané atis. Íng njåbå udané isíh tumurún najan múng kari riwis-riwis. Swasånå njêro bís nyênyêt. Sabagiyan pênumpang klêbu Dhík Yudhèt, Dhík Wahyudi lan Dhík Narkó padha nglêgêsês turu. Aku ya njúr nyobå mêrêm najan mripatku ora ngantúk. Dumadakan kêprungu swårå pangrintih. Swårå wadón síng sajak sêsambat. Sambaté katujókaké marang sopír. “Pak Sopír.... mandhêg sakêdhap sagêd nggíh wêtêng kula mulês Aku ngêlèkaké mripat. Njúr plingukan mênyang arah sangkané pisambat. Jêbúl såkå têngênku rådå kånå, mèpèt jênꧤélå bís. Íng kono katón sawijiníng wanitå watårå Umúr 35- nan taún lagi pringisan karo nêkêm wêtêngé. Ndêlêng sandhang panganggóné sajak klêbu wóng sèkèng. Kajåbå aku, pênumpang liyå síng krungu pisambaté ugå pådhå maspadakaké. Klêbu priyayi kakúng jèjèranku lunggúh. “Adhúh Pak.... mbótên kiyat niki lho... mandhêg sakêdhap nggíh pisambaté wóng wadón kuwi manèh. Durúng ånå tanggapan såkå si sopír. Bís isíh têrus mlayu. Si sopír sajak ora „ambíl pêduli‟ marang pênumpangé síng kêbêlêt. Pênumpang liyané ånå síng alók mêsakaké nangíng yå ånå síng maido. Klêbu aku. “Wóng mêntas mandhêg nèng têrminal, mbók mau nyêlangaké nèng toilèt,” grênêngku. “Mbókmanawi anggènipún kraós nêmbé mênikå kålåwau,” tumanggapé priyayi kakúng jèjèrku. Bís isíh têrús mlayu, malah sansaya bantêr awít udané wís têrang. Sauntårå kuwi si wadón kêbêlêt isíh têrús pringisan karo nêkêm wêtêngé. Sêꧤélå-sêꧤélå kêprungu swårå pangêsês såkå lambéné.
Sajaké pênumpang loro jèjèrané lunggúh ora tahan krungu sêsambaté utåwå malah kuwatír yèn kêcipratan saupåmå Si wadón nganti kêprójólan pilíh banjúr ngadêg rådå ngadóh. Saiki bangku isi têlu mau kari dilungguhi ijèn. Sidowayah wís kliwat. Si sopír babarpisan ora niyat ngênꧤêgaké kênꧤaraané. Bablas lan têrús bablas. Wusånå Gênꧤingan ugå kliwatan. Wiwít ngancík Manꧢingan. Dumadakan.... “Pak Sopír.... kulå mbótên tahan malíh. Kula mang ꧤúnké ngriki mawón,” panguwuhé wóng wadón kasangsåyå kuwi karo ngranggèh gawané sajak arêp muꧤún. Pênumpang liyå bêbarêngan maspadakaké. Pênumpang síng rådå adóh pådhå dêngóngókan. Priyayi kakúng jèjèranku malah mênyat, êmbúh åpå karêpé. “Nuwún sèwu, Pak,” ujaré karo arêp jumangkah.. Aku mringkúsaké dhêngkúl mènèhi dalan. Priyayi kasêbút tranyak-tranyak mêngarêp nyêdhaki sopír. Banjúr katón caturan, êmbúh åpå síng diómóngaké. Aku ora bisa ngrungu jênèh rådå adóh kathík olèhé caturan liríh.. Múng baé katón yèn priyayi kasêbút sajak jèngkèl. Malah si priyayi katón ngêtókaké dhompèt nyêlêr lêmbaran atusan éwón njúr diulúngaké marang si sopír. Níng sopiré gèdhèg ora gêlêm nampani. Si priyayi yå njúr nyimpên manèh dhuwité íng njêro dhompèt. Pangiraku sawisé iku si priyayi bali mênyang palungguhané sakawít, íng jèjèrku. Nangíng ora, si priyayi panggah nganyêr nèng cêdhaké sopír. Mangkono, bís isíh têrús mlayu. Nangíng ora gantalan wêktu playuné sansåyå alón. Njúr dumadakan ménggók nuli manꧤêg. Aku ngingúk mênjåbå lumantar jênꧤélå. Jêbúl síng diénggóki sawènèh póm bènsin. “Bu, nikå èntên toilèt! Mang bêbucal ngrikå, dirantós,” cluluké kóndhèktúr bís marang wanitå síng lagi kêbêlêt. Prasasat rindhík asu digitík wanitå mau jumangkah muꧤún karo nêkêm wêtêngé Eh, jêbúl patrapé wanitå mau ditiru déníng sawêtårå pênumpang liyané. Sajaké ugå pådhå kêbêlêt. Embúh kêbêlêt bêbucal êmbúh kêbêlêt pipis. “Tiyang jaman samangké raós kamanungsané sansåyå tipís,” ujaré priyayi kakúng kancaku lunggúh mau síng dumadakan wís nèng sanꧤíngku. Nuli bacuté, “Kadós patrapé si sopír mênikå kalawau, upami mbótên kulå pêkså sajaké nggíh mbótên purún ngênꧤêgakên kênꧤaraané. Mångkå ngêrtós wóntên pênumpangé síng lagi kêbêlêt. Gèk kêbêlêt niku raósé jian mbótên sêkécå. Awít kulå sampún naté ngalami. Untungé wanci siyang, gèk kulå tiyang jalêr. Dadós nggíh nékad mawón nyuwún mandhap padós toilèt. Déné bisé nggíh lajêng bablas. Kêpêkså kula padós bís sanèsé. Mbayar malíh mbótên nåpå-nåpå síng pêntíng wêtêng niki mbótên mlilit malíh. Lha niki rak
wanci dalu kathík jawah pisan kathík síng kêbêlêt tiyang èstri. Rak mêsakakên tå,” kojahé priyayi mau rådå ngandhar-andhar. “Kók panjênêngan kålåwau kadós nyêlêr artå sakíng ꧤompèt?” tumanggapku. Priyayi kasêbut ngguyu. Nuli awèh katrangan, “Sakawít sopiré kålåwau rak baꧤé mbótên purún ngênꧤêgakên bisé. Angkah kula baꧤé kulå sógók. Jêbúl mbótên purún. E, kók yå isíh mbênèh.” Aku lêgêg. Ånå råså gêtún jroníng ati. Siꧢík akèh patrapku síng ora mènèhi kaloꧤangan lunggúh marang pênumpang wadón síng muꧤún nèng Ngawi mau ora béda karo patrapé sopír bís iki. Luwíh mêntíngaké awaké ꧤéwé ora nggubris panandangé liyan. Najan ora niyat nyindhír, níng langkah síng ditindakaké priyayi kakúng kancaku lunggúh iki kasíl nggarít atiku. Aku salut marang dhèwèkké. Aku ngrumangsani najan umúrku wís akèh jebúl íng „satu sisi‟ isíh kudu sinau manèh. Déníng Tiwik SA Sanggar Triwida, Pébruari 2002 Kapêthík sakíng : Kalawarti Mardika Basa Jawa - Jaka Lodhang No. 09 Sabtu Wage - 27 Juli 2002